Antara FUCK, JANCOK, JANCUK dan DOLLY
"kesalapahaman yang terdoktrin"
Sadurunge moco bukaen disek motomu ojo mek nggawe perasaan!
dadine Ayo mulai saiki monggo belajar ilmiah, ojo mek iso ndoktrin lek JANCUK/JANCOK iku elek thok!
Opo iku JANCUK ?
Pasti akeh seng jawab iki :
Jancuk iku kotor
Jancuk iku misuh
Jancuk iku gak nggenah, elek, kemproh, najis, taek, telek, sakkarepmu….
Terus opo iku FUCK ?
Pasti jawabane yo gak adoh teko seng nang ndukur!
Saiki sopo seng ngerti asal-muasale JANCUK karo FUCK muncul ?
95% pasti gak weruh, mek dikandani wong tuwek lek yo wes elek ngunu ae…
5% weruh sakwise googling, apene takok wong tuwek malah dituturi…
mboh sopo seng mulai ngomong jancuk, sampe saiki durung ono seng iso
njelasno. Ono seng ngomong iku basa arab, basa belanda, basa cino, tapi
seng paling cidek iku jancuk dipadakno artine karo ngencuk (bersetubuh)
TAPI…TAPI… ojo komentar sek! kata jancuk iki tambah taon tambah mrene
kenek perluasan makna kata. Kata jancuk saiki iso mlebu nang macem-macem
ekspresi. Lek jare sudjiwotedjo spektrum jancuk iku luas, ojo diarti’no
mek kata kotor.
Contoh :
- Jancuk, dompetku ilang cuk!
- Jancuk, aku ketrimo nang snmptn rek!
- Hei jancuk, yo’opo kabarmu cuk?
- Jancuk, pacarku selingkuh!
- Jancuk… jancuk… jancuk….
pas seneng ngomong jancuk, pas susah ngomong jancuk, pas lapo ae yo jancuk !
Seng bener iku JANCOK opo JANCUK seh ?
Ono seng ngeyel JANCOK ae luwih lego timbang JANCUK, tapi iku mek
perasaan ae la’an gak ilmiah. Lek ndelok teko kata dasare seng dipadakno
karo kata ngencuk, dadi seng bener yo JANCUK, TAPI berhubung logate
wong jowo opo maneh logat wong suroboyo iku nyebut huruf U iso dadi O,
yo ojo salahno lek berubah dadi JANCOK, iku mek kenek pelafalan dan
logat ae kok, pengen nulis JANCUK monggo, nulis JANCOK yo monggo… gak
usah eker-ekeran
Trus saiki opo bedane karo FUCK ?
saiki aku takon opo artine FUCK? ngencuk? padahal asline fuck iku gak
ono hubungane karo artine ngencuk. fuck iku biyen teko singkatan
Fornication Under Consent of The King (Hubungan intim telah mendapatkan
ijin dari raja).
bingung kok singkatane ngunu ?
ngene critane, pas jaman biyen nang inggris iku kabeh aturan diatur
raja, sampe nang urusan nggawe anak/ngencuk! nah gawe seng pengen
ngencuk opo nggawe anak iku kudu ijin nang raja, seng oleh ijin bakal
oleh tanda tulisan FUCK seng dideleh nang ngarepe lawang omahe wong seng
apene ngencuk iku!
saiki…
kedadeane FUCK karo jancuk iki podo ae asline, FUCK akhire ngalami
perluasan kata seng asale singkatan teko raja inggris, akhire artine iso
dadi ngencuk, tapi pas jaman saiki kata fuck iki ngalami perluasan kata
maneh, lek gawe wong inggris iku kata seng melok’i “expresi” pisan podo
koyo’ jancuk.
tapi lek ngomong jancuk karo fuck iku duso lho !
sopo seng ngomong duso ?
pasti dudu teko awakmu dewe toh ?
pasti dudu teko pikiranmu dewe toh ?
LEK JAREKU lho yo, Jancuk iku gak duso !
Engkok awakmu iso mlebu neroko lho lek misuh jancuk ae saben dino!
Iki pisan, seng ngomong koyo’ ngene berarti ngalah-ngalahi seng kuoso
ae, surgo neroko dudu menungso seng nentukno, gak mesti yoan wong seng
gak misuh iku pasti mlebu surgo.
saiki opo seng nggarai jancuk iku dadi duso ?
opo gara-gara seng dipada’no karo ngencuk ?
LEK JAREKU jancuk gk ono hubungane karo agama, tapi jancuk iku mek masalah ETIKA karo mindset pikiranmu !
Saiki aku tau weruh ono celukan gawe dulur wedok nang daerah njobo
suroboyo iku nggawe celukan CUK, trus opo yo iso langsung dianggep duso?
Ojo berpikiran sempit tah rek! Mek gara-gara di doktrin wong
tuwek-tuwek lek jancuk iku rusuhan, lek jancuk iku kotor langsung manut
ae gak digoleki kenek opo kok iso koyo’ ngunu ?
Catetan penting iki CUK !
Seng jelas awakmu kudu ngerti panggon pas ngomong jancuk, ono sopo
nang kono, koncomu opo wong tuwomu. soale gak kabeh wong iso nrimo lek
ono wong seng lambene misah-misuh ae. opo maneh lek dudu arek suroboyo.
awakmu ngomong jancuk karo sopo? pas ono sopo? lek nang wong seng
luweh tuwek seng gak ngerteni paling-paling mek ditapuk lambemu, nah lek
misuhi wong seng ngerti paling yo dibales pisuhan yoan! tapi cobaen
nang arek seng sa’pantaran awakmu, opo maneh koncomu dewe, paling yo
dijarno ae, paling malah pisuh-pisuhan. malah ngguya-ngguyu bareng.
Saiki cobaen pisan pisuhono wong teko luar pulau opo luar negri paling
yo de’e tolah-toleh gak weruh artine.
aku njelasno arti jancuk kabeh koyo’ ngene dudu nggarai awakmu kudu
misuh-misuh saben dino, saben jam, aku mek pengen ngutarakno pendapat
pas posoan = stop misuh ?
sepurane aku dudu wong seng MUNAFIK pisan, gara-gara poso terus aku
mandek misuh, trus pas wes mari posoan misuh maneh! iku berarti aku
munafik !
njogo omongan iku pancen kudu dilakokno kapan ae gak mek posoan, tapi gak usah dadi wong seng munafik.
Seng diarani wong munafik iku termasuk seng rai pabrikan pasar turi
tapi pas misuh ngomong Fuck dudu jancuk! Ce’ luwih keren opo sangar
ngunu tah? -_-
Tambahan ae iki !
Aku sampe saiki kudu ngguyu ae lek ono seng risih nulis opo nyebut
DOLLY. Ono seng nulis DOLLY ae kudu ono tanda bintang koyo’ ngene, d*lly
; do**y. Lek fuck dadi f*ck sek iso dingerteni, lha seng dolly iku
lalapo seh risih ngunu? Padahal dolly iku ngunu asal-muasale teko jeneng
pendirine, yoiku Tante DOLLY van der mart. Trus opo iyo lek nyebut
Dolly iku duso? Tabu? Hash, gak usah pikiran sempit rek!
Mugo-mugo opo seng ta’tulis iki iso diwoco karo kabeh wong. Aku nulis
dowo-dowo koyo’ ngene asline yo mek pengen ngelurusno ae ce’ gak salah
paham, ce’ gak eker-ekeran, iki ngunu jareku, gak peduli cangkeme wong
liyo. soale aku sadar pas nulis iki pasti ono ae wong seng PRO karo
KONTRA tapi iku pancen pendapat wong beda-beda, tapi lek gak trimo yo
iku urusanmu karo keluargamu !
asline lho rek sumber informasi seng ta’tulis iki ngunu ono kuabeh
nang internet, mek koen ae seng gak gelem nggoleki karo lebih sreg
facebookan ae timbang golek ilmu nang internet… #kalem
sepurane cuk lek bosoku campur-campur, soale aku mek pengen tulisanku gampang di ngerteni karo uwong kabeh !
nedho nrimo Dulur JANCOKER :)